Kamis, 12 Maret 2009

"Emprit-Emprit Dandung"

Dulur, cilikanku biyen sakben arep mapan turu mesti didongengi ibukku dhisik. biyen pas ibukku isih cilik, mbahku yo kerep dongengi ibukku sakben arep turu. dadi yo pancen "tradisi" alias turunan. Mene yen aku wis duwe anak, anakku bakal tak dongengi pisan. Salah siji dongeng-e ibukku sing tak iling-iling ki judule "Emprit-Emprit Dandung". Ngene ceritane.......

Jaman biyen onok mbok rondo dadapan duwe anak siji. Anake iku mau pamitan arep dulin. "Mbok, aku tak dulin yo". Mbok rondo dadapan menehi izin supoyo gak dulin adoh-adoh soko omah. Anake iku mau dulin nang alas cedhak omah. Ujug-ujug onok manuk menclok nang salah sijine uwit nang alas banjur muni "Emprit-emprit dandung, dandunge manuk ketimpleng". Nah, teko bahasa iki sing nyeritani yo gak ngerti artine, opo maneh sing dicritani malah gak ngerti blas. Pokoke melu alur ceritane ae yo. Anake iku mau mulih, banjur kondho nang ibuk-e. "Mbok...onok manuk ngilokno aku, tak setip-e yo mbok terus gorengen tak pangane". "Iyo..." jawabane mbok rondo dadapan. Sak marine di setip, manuk mau banjur digowo mulih.
Teko omah Mbok rondo dadapan ngramut manuk mau, di godog..di jabuti wulune lan digoreng. "Mbok, wes mateng?". Mbok rondo dadapan madahi iwak nang piring banjur ngomong "Iki lo ndang panganen le". Sakmarine mangan, anake moro-moro wetenge mules. "Mbok aku kebelet ngising". "Iyo..cepet ndang nang jedhing", jawabe Mbok rondo dadapan. "Ek...gak metu Mbok". "Ngisingo nang kali!". "Ek...podo Mbok gak isok metu". "Wes ndang ngising nang mbale kono gak opo-opo, timbangane gak isok metu malah soro". "Eeek...gak isok metu Mbok". "Yo wis, ngising nang kasur ae!". "Eek...gak isok Mbok". Dicoba nang endi-endi gak isok metu. Akhire anake mau nyuwun tulung nang Ibuk-e supoyo nyilih kasur menyang tonggo-tonggone digawe panggonan ngising.
Kawitane nyilih kasur nang Mbok rondo lor. "Kulo nuwun, kulo mriki wonten damele. Kulo badhe nyambut kasur panjenengan damel ngising anak kulo". "Biyuh..biyuh..biyuh...lha wong di uyuhi anakku ae, anakku tak gepuk-i kok", jawabe Mbok rondo lor.
"Kulo nuwun, kulo mriki wonten damele. Kulo badhe nyambut kasur panjenengan damel ngising anak kulo", tembung podo kang di sampekno Mbok rondo dadapan menyang Mbok rondo kidul. "Wah..wah..wah..kasur kok digawe ngising! Sepurone ae!".
"Kulo nuwun, kulo mriki wonten damele. Kulo badhe nyambut kasur panjenengan damel ngising anak kulo". "Lho..lho...lho...lha kok sa'enak-e dewe, anakku ngising nang kasur ae tak jiwito kok!", jawabe Mbok rondo wetan.
Terakhir nang Mbok rondo kulon. "Kulo nuwun, kulo mriki wonten damele. Kulo badhe nyambut kasur panjenengan damel ngising anak kulo". Gak disongko-songko Mbok rondo kulon langsung ngongkon nggowo kasure.
Mbok rondo dadapan mulih ambek manggul kasur, atine bungah ora ketulungan. Teko omah kasur mau dibeber, banjur digawe ngising anake. "Eekk...krimpying, eekk...krompyong... dadakno sing metu emas-emasan..gelang,kalung,cincin,giwang lan binggel. Mbok rondo dadapan kaget ndelok kedadian iku. Sakmarine anake ngising, Mbok rondo dadapan mbalekno kasur nang Mbok rondo kulon ambek ngekek-i setengah saking emas-emasan hasil ngising-e anake mau. Mbok rondo kulon atine bungah nerimo panduman sing gak disongko-songko.
Poro tonggo-tonggo podo ngomongno kedadian sing dialami Mbok rondo dadapan lan anak-e.

Ing liyo dino...
Nang alas cedhak omah...
"Emprit-emprit dandung, dandunge maa..nuk ketimpleng". Manuk serupo ngilokno anake Mbok rondo dadapan maneh. Anake iku mau mulih, banjur kondho nang ibuk-e. "Mbok...onok manuk ngilokno aku, tak setip-e yo mbok terus gorengen tak pangane". "Iyo..." jawabane mbok rondo dadapan. Sak marine di setip, manuk mau banjur digowo mulih.
Teko omah Mbok rondo dadapan ngramut manuk mau, di godog..di jabuti wulune lan digoreng. "Mbok, wes mateng?". Mbok rondo dadapan madahi iwak nang piring banjur ngomong "Iki lo ndang panganen le". Sakmarine mangan, anake moro-moro wetenge mules. "Mbok aku kebelet ngising". Iyo..cepet ndang nang jedhing", jawabe Mbok rondo dadapan. "Ek...gak metu Mbok". "Ngisingo nang kali!". "Ek...podo Mbok gak isok metu". "Wes ndang ngising nang mbale kono gak opo-opo, timbangane gak isok metu malah soro". "Eeek...gak isok metu Mbok". "Yo wis, ngising nang kasur ae!". "Eek...gak isok Mbok". Dicoba nang endi-endi gak isok metu. Akhire anake mau nyuwun tulung nang Ibuk-e supoyo nyilih kasur menyang tonggo-tonggone digawe panggonan ngising.
Kerungu kabar nek anak-e Mbok rondo dadapan kebelet ngising, Mbok rondo lor sing cedhak dewe ujug-ujug gowo kasure nang omahe Mbok rondo dadapan ben digawe panggonan ngising anak-e. Akhire Mbok rondo dadapan atine bungah, amarga durung sampek nyilih wes disilihi kasur dhisik. Mbok rondo dadapan banjur mbeber kasur iku mau, lan anak-e banjur mapan ngising. "Ee..kk...prokotok-kotok... Eekk..preketek-ketek.... Durung sampek mari ngising, Mbok rondo lor sing ngenteni nang pelatarane omah ngamuk-ngamuk..dikiro ngising emas-emasan maneh ternyata "Taek" temen.

Kesimpulane : Nek awak dewe menehi opo wae menyang wong liyo, kudu ikhlas. Kabeh mau gak onok sing sio-sio nang sandinge gusti Alloh.

8 komentar:

Unknown mengatakan...

ha ha ha!!!...terlalu lucu...sampek aku mules...nyilih piringe digawe ngising!!!...jruot...moncrot

Unknown mengatakan...

ha ha ha!!!...terlalu lucu...sampek aku mules...nyilih piringe digawe ngising!!!...jruot...moncrot

Unknown mengatakan...

ha ha ha!!!...terlalu lucu...sampek aku mules...nyilih piringe digawe ngising!!!...jruot...moncrot

Unknown mengatakan...

ha ha ha!!!...terlalu lucu...sampek aku mules...nyilih piringe digawe ngising!!!...jruot...moncrot

Unknown mengatakan...

Hiks.. Hiks.. Ane jd sedih gan, ini dongeng sering kali didongengin almh nenek ane waktu ane msh kcl.. Ane jd ingat beliau.. T_T

Unknown mengatakan...

Hiks.. Hiks.. Ane jd sedih gan, ini dongeng sering kali didongengin almh nenek ane waktu ane msh kcl.. Ane jd ingat beliau.. T_T

Dionh mengatakan...

Critaaa dr alm ibuku....tp vrrsinya bedaa...kangen mbok kuuu....

Dionh mengatakan...

Hiks ini crita alm ibuk ..jadi kangen ibuk